cinta Geguritan (puisi Jawa)

Awer  – Awer

Biyen apa iku dudu kautaman
Utawa apa merga owah gingsiring kahanan
Mula kabeh kang lawas tanpa pituwas
Brayan lan kabudayan
Kasusilan lan kautaman
Petungan saringa panimbang asor-luhuring
Drajad kamanungsan

Biyen apa ra mung gegodhongan utawa kuliting
Kekayon lan iku kasusilan
Biyen apa ra mung watu lan juwawut sarta iku kabudayan
Babat alas lan nenandur gawe omah ngleremake
Raga sawetara banjur ngaleh golek kang subur
Sarta iku iya brayan lan tata cara nglabuhi kauripan

Anggone klambimu awit iku awer-awering badanmu
Pepaes endhahing raga lan cihnaning kawruh bab ngedi busana
Nging ywa lirwa menawa iku dudu braya
Mung sliramu sajuga
Gedhe-cilik dawa-cendhak lan dhuwur endheke
Manungsa datan ama liya sinung ukuran kang
Cumawis kanthi kamardikan mungguh ing
Dedeg-piadeg lan pakareman

Werna-werna wernaning kahanan ngebaki taman kauripan
Nadyan kabeh mung sakeplasan sung kaendhahan
Nging yektine tan ana kang muspra tanpa piguna
Mirunggan
Ala pratandha ananing kabecikan cacat pratandha
Ananing kasampurnan

Nanging luwih saka iku anggone awer-awering
Sukmamu awit iku pepaes endahing rohanimu nging
Ywa lali iku wewadi pribadi kang sejati kanggo
Ngwisuhi ati lan akalbudi dimen bisa nguwohake
Pakardi adi kanggo brayan lan kabudayan
Kasusilan lan kautaman memayu pomahing rasa
Kamanungsan myang endahing kauripan

Kapethik saka : panjebar semangat 4 Juni 2005


Komentar